08 June 2007

Cerita Brebes-an


Judul asline "Ini Masalah Siapa", gawenane kang Raha .... cerita-ne dawa tapi karena nganggo bahasa brebes-an, katone apik lan njiwani brebes-e. Liyane, tentu pelajaran sing cerita iku sing luwih utama. Monggo diwaca bae ... luwih penak karo lagi moci teh anget ...

Kyeh ceritane ...
----------------------------------------

Ini Masalah siapa

Ning salah sawijine desa, urip sa keluarga petani sing umahe ning tengah-tengah kebon lan sawah. Petani kiye (arane Darip) mung urip karo bojone sing ora patiya ayu arane Kumaeroh.

Petani kiye duwe kewan ingonan ayam, wedus karo sapi. Lantaran umahe perek sawah, ning jerone omahe pak tani kiye ana curut wirog sing sering ngganggu. yen bengi sering glathakkan nggoleti pangan ning pawone pak tani. Malahan dengkule Komaeroh tau digrigiti bengi-bengi… gara-gara klalen nggango tapih waktu pan turu…

Salah sawijine dina, Kumaeroh protes njaluk duwit maring Darip.
Jarene : “kang, nyong njaluk duwite gyan.. pan nggo tuku jebakan curut…”
Darip : “ kyeeh, samene bae gen sedeng o ya..” jare darip karo ngesrogna duit pitung ewu ning kutange bojone sing ora patiya ayu, mung baen susune semadan gede.

Kumaeroh lunga maring pasar…

Sorene…
Kumaeroh teka, nggawa buntelan. Rupane, si curut wis ndelengena awit Kumaeroh teka nggawa buntelan. Ndarani isi buntelane kuwe panganan sing mengko bengi bisa digrigiti…

Barang buntelane kuwe dibuka, si curut kaget nemen. Raine si curut ndadak pias. Kaya ora ana getih sing mili ning raine.. soale si curut ndeleng dewek, yen buntelan kuwe isine jebakan curut.

Si curut langsung mencolot. Mlayu sa kentrang-kentrang. Mancal dandang nganti glothakan ora karuan.

Ning jaba, si curut ketemu karo Ayam. Trus wadul maring si ayam:
Jarene: “ Yam, enyong mengko bengi pan mati… yakin, enyong mengko bengi pan mati…”
Ayam: “ Bisane…??
Curut: “Kumaeroh nembe balik sing pasar, nggawa jebakan curut… mengko bengi mesti pan dipasang … enyong mesti kena…priben kiye… tulung Yam… tulung… kowen kan kancane enyong…..”
Ayam : “ Iya, enyong pancen kancane kowen, mung baen jebakan kuwe kan arane jebakan curut.. dudu jebakan ayam.. dadi, masalah kuwe dudu masalah enyong… wis lah… monggo sampeyan adepi dewek masalah….”

Si curut tambah ora karuan. Mlayu maning. Mlempat ploen. Clingak-clinguk. Ketemu karo wedus, trus wadul maning.
Jarene: “ Dus, aku mengko bengi pan mati… yakin, gelema busung, enyong mengko bengi pan mati…”
Wedus: “ bisane Rut… ana apa ?? mbok kowen rada tenang ndisit…”
Curut: “ kaya kiye Dus, Kumaeroh nembe balik sing pasar, nggawa jebakan curut… mengko bengi mesti pan dipasang … enyong mesti kena…priben kiye… tulung Yam… tulung… kowen kan kancane enyong…..”
Wedus : “ … innalillahi… … kuwe masalahe kowen.. dudu masalah enyong.. enyong tah ora tahu manjing maring jerone umah Darip… sing senenge blusukan kan kowen…“

Curut sedih… dewekke rumangsa dewekan. Terus si curut mlaku. Mbuh pan maring endi… wis dibayangna karo Curut: “…mengko bengi bakal ke jebakan curut. Endasi bakal kegenjet. Balung remuk. Polone mesti muncrat. Mendingan yen langsung mati… ora krasa lara… tapi yen ora langsung mati.. mesti curut sengsara nemen… “. Si curut ora wani nerusna bayangane dewek, saking ngerine…

Ning latar mburi, deweke ketemu sapi..
Curut wadul maning karo nangis nggrentes…. (ora usah di tulis wadule… mung gari copy-paste sing wadulane curut maring ayam karo wedus).
Jare sapi :..”awake enyong tah gede o Rut… ora bakal kena jebakane tikus… sorri layao, nyong duwe urusan dewek.. kowen urus urusane kowen dewek.

Tikus tambah sedih. Kapiran. Nagis sa jerone ati. Ngrasa dadi makluk sing paling apes sa dunya.

Tengah Wengi….
Sing longan meja makane Darip ana suara “njepreet…!!!. sssssss….sssss….sssss…..”
Kumaeroh langsung tangi. Atine bungah. Njeron atine ngomong “ saiki si curut wis kena…”. Deweke mlaku, trus marani pawon lan nggoleti jebakan kae.. lantaran peteng durung ana listrik, Kumaeroh ora weruh jebakan olih apa…

Ujug-ujug….. “Ceepp……sssssss …..sssssss……ssssss…….!!” Tangane kaya ana sing nyokot… nggamblok. Barang tangane didudut/ditarik, ana ula sing esih nggathol ning lengene. Jebule, sing kena jebak dudu curut, tapi ula dumung sing wisane bisa matikna uwong…

Esuke…,
Tanggane pada teka… salah siji tanggane sing arane Masrul, ngomong: “ Kang Darip, angger ke pathek ula, kuwe tambane sop ayam… dipangan pas sop ayam kuwe esih panas lan ngebul.. aja klalen ditambahi irisan jahe karo mrica ireng sing rada akeh… insya allah, Kumaeroh bakal mari….”

Darip nguber ayame… kena… trus si ayam disembeleh. Ngeeessss… dimasak. Dadi obate Kumaeroh.

Awan…..
Kumaeroh ora waras…. Tambah parah. Akhire, jam 12 luwih, bar duhur, Kumaeroh ninggal dunya…

Tangga-tanggane pada teka…. Pada ngurus jenazahe Kumaeroh. Darip direwangi karo tangga-tanggane sing lanang pada nyekel si Wedus. Pan di sembeleh nggo njamu wong-wong sing pada layat…. Akhire… nyawa wedus kuwe melayang… daging karo jeroane di gulai.

Sekikine….

Saben bengi, wong-wong pada teka. Tahlilan pitung dina… saben tas tahlilan, Darip mesti ngetokna jaburan karo sega karo lawuhe. Kanggo njamu tangga-tanggane saminggu kuwe, Darip nyembeleh sapine.. daginge digawe rendang karo digawe dendeng.. endah awet kanggo sa minggu….


Si curut maring endi ya….

Dewekke kae mau mlayu adoh… maring sawah, trus mlayu lewat baron, nyebrang kali sampe anjog ning alas. Si curut malahan ora krungu yen Kumaeroh wis ninggal dunya. Si curut ya ora weruh yen Ayam, Wedus, karo Sapi wis pada mati… sing urup mung dewekke. Aman ning alas…

Kanggo kanca-kanca kabeh…
Angger panjenengan nduwe kanca sing lagi duwe masalah, aja malah diadohi… minimal bisa ngrungokna keluh kesahe. Meskipun mung ngrungokna, sa ora-orane wis ngurangi bobot masalah sing lagi di adepi karo kancane sampeyan… aja malah di ece..

Masalah mereka bisa jadi masalah kita….



Selengkapnya ...